Latest courses

3-tag:Courses-65px
Showing posts with label Bahasa Jawa Pidato Bahasa Jawa. Show all posts
Showing posts with label Bahasa Jawa Pidato Bahasa Jawa. Show all posts

Sunday, October 16, 2022

Pidato Bahasa Jawa Tema Gotong Royong

 

Pidato Bahasa Jawa Gotong Royong

 

Assalamu’alaikum warrohmatullohi wabarokatuh

 

Dhumateng Dewan Juri

Dhumateng Bapak lan Ibu guru

Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kinurmatan

Bapak/Ibu Guru lan kanca kanca ingkang kinurmatan

 

Monggo kita sesarengan ngunjugake puja lan puji syukur marang Gusti Allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saget makempal sesarengan kanti sehat wal afiat. Aamin Aamiin Ya Rabbal ‘alamin

Salajengipun, sholawat salam mugi-mugi tansah kaaturaken dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW, sumrambah dhumateng kulawarganipun, sahabatipun, saha pandherekipun. Mugi-mugi kula panjenengan sedaya pikantuk syafaat ing Donya saha akhirat. Aamiin

 

Para rawuh

Gotong royong utawi kerja bakti meniko salah setunggal perkawis ingkang sae, amargi ing kegiatan gotong royong kapupuk roso kebersamaan lan toleransi antarane warga. Masyarakat Indonesia dikenal remen tetulung. Salah setunggale bukti pakulinan sae ingkang diduweni tiyang Indonesia, inggih meniko  wonten e budaya gotong royong.

 

Budaya gotong royong nggadahi nilai-nilai positif, pramila kedah dipun lestareaken. Mawi budaya gotong royong, kita saget ningkataken raos persatuan lan kesatuan tumrape badan-badan ing saklebetipun lingkungan masyarakat. Wonten e tulung tinulung, ingkang mbentuk raos persatuan lan kesatuan. Salajengipun, bilih wonten kajibahan ingkang awerat saget ditandhangi kanthi gotong royong saengga kacipta kerukunan antar masyarakat sansoyo raket.

 

Kagem tuladha, pas wonten bencana alam, saben tiang ngempalaken dana lan sami mbenahi sarana ingkang risak sarta paring pambyantu marang pihak keamananan madosi para korban. Para warga lajeng sigap maring pambyantu tiang ingkang mbetahaken pitulungan. Sarana sesarengan sedanten hawa rubeda saget dipun rantasi.

Poro rawuh,

Monggo kita ngawiti sedanten perkawis meniko saking badan kita piyambak,  dipunlodangke sekedik wekdal kagem srawung wonten ing lingkungan masyarakat. Sumonggo kita lajengaken lan kita rembakaaken warisan budaya ingkang adiluhung supados kita saget ngadepi globalisasi ing saat menika.

 

Wusananipun, mangga kita saget mendet kesimpulan, bilih gotong royong meniko budaya adiluhung saking bangsa Indonesia. Gotong royong meniko ageng sanget manfaat e, antawisipun padamelan dados linangkung enteng, padamelan linangkung cepet, saha ngrumaketaken raos persatuan lan kesatuan.

 

Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta klentunipun kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum warrohmatullohi wabarokatuh.